Selasa, 19 Februari 2013

cerita ramayana bahasa jawa


cerita ramayana

Sawijining dina ing kerajaan mantili ingkang kerajaan ramanipun dewi shinta, asmane prabu janaka . prabu janaka ngadhaake saembara sopo sing bias manah paling apik bakal didadekke mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku prabu rama lan rahwana nanging rahwana ora bias ngangkat panah kasebut , lan rama bias ngangkat panah kasebut. Saengga rama bias menangke sayembara lan ngentukke shinta dadi bojone . rahwana ora seneng yen rama bias dadi bojhone shinta.
            Ing alengka kuwi kerajaan rahwana,kumbakarna,indrajid,patih prahasta. Sarpanaka menehi kabar ing rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwananipun ndang golei wong wadon mau. Kasunyatan putri mau jenenge putrid kalamarica sing bias ganti wujud apa wae,lan bias ngrubah wujud dadi buta cakil.
            Ing alas dandaka rama shinta lan laksamana iseh ngembara mengertosnipun rahwana lan kalamarica melu ing alas lan ngincer serta lan godoni shinta. Kalamarica ngerubah wujud dadi kijang mas ingkang godoni shinta. Shinta deloi kijang mas kasebut langsung ngongkon rama kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang kasebut malah mlayu ing jero alas, lan shinta jaluk rama kanggo ngoyak kijang mau. Lan laksmana tetep karo shinta. Nanging shinta nesu amarga laksmana ora melu ngoyak kijang bareng rama ing jero alas . Akhire laksmana nuruti kapinginane shinta supaya ngoyak rama ing jero alas. Wedi karo kaselamatane shinta laksmana gawe bunderan kanggo shinta supaya shinta tetep selamet.
            Sawise rahwana teko,rahwana jajal nyedakki shinta lan jajal kanggo nimbus bunderan mau. Nanging rahwana ora mampu nglewati bunderan mau. Akhire rahwana ngerubah wujud dadi brahmana tuwo supaya bisa narik perhatian shinta lan jaluk sedekah. Dewekke nyedakki shinta lan jaluk sedekah,amarga rasa mesakke,akhire shinta menehi sedekah brahmana tuwo mau. Nalika shinta lagi ngei sedekah,dewekke ditarik mentu saka bunderan mau landigowo mabur karo rahwana.
            Sakmenika,rama lan laksmana terus ngoyak kijang mas. Lan nalika kijang mas kasebut dipanah wujudde ganti dadi cakil. Nalika shinta digowo mabur karo rahwana,teko manuk jatayu sing nolong shinta. Lan kadadean perang antaramanuk jatayu lan rahwana. Nganti akhire manuk jatayu kalah lan kelangan loro sayape lan rahwana lungo gowo shinta. Sakwijineng dina rama lan laksmana mentu lan ketemu karo manuk jatayu sing wis kejet kejet. Jatayu nyritakke kejadian mau karo rama,jatayu akhire mati ngerteni shinta diculik rahwana,rama lan laksmana semedi kanggo ngintukke cara nylametke shinta. Banjur rama ketemu anoman sing nulungi rama nyelametke shinta lan rama diajak ing guwa kiskenda,ing kono omahe anoman.
      
            Ing gowa kuwi anoman nduwe kanca antarane yaiku subali lan sugriwa,wong loro kuwi podo podo sakti lan podo podo seneng karo dewi widiyawati. Akihire cah loro kuwi tukaran kanggo ngintukke dewi widiyawati.  Pas cah loro tukaran rama lan anoman teko delokki tukaran kuwi anoman ngusahakke nyegah subali lan sugriwa. Nanging amarga rak iso nglerai cah loro,akhire anoman ngongkon rama kanggo manah salah siji ing antara wong loro mau. Lan subali keno panah kasebut,lan akhire mati. Sugriwa iseh pengen ngutarakke niate karo rama,yen wonge arep melu nulungi rama nylametke shinta.
            Anoman mulai nylametake shinta. Wonge njaluk sehelai rambut,sing arep diparingki ing shinta,kanggo bukti yen wonge bener bener utusanerama seng arep nyelematke shinta.
            Ing taman Argasoka,ing kerajaan Ngalengka,Shinta dikancani karo trijata keponakan saka rahwana. Nalika rahwana njajal mbujukshinta supaya mau dipek bojone. Nanging shinta wegah. Lan nalika shinta dewekan,anoman mlebu ing taman argasaka kangge nemoni shinta lan ngekekke rambut rama ing shinta kangge mbutikake nek deknen bener bener  utussne rama kangge nyelamatake shinta. Nanging indrajid,anak saking rahwana  ngerti tekone anoman,deknen ngusahakke kanggo nangkep lan dikekke ing ngarepe rahwana. Akhire rahwana mutuske kangge mbakar anoman. Persiapan dilakokke kanggo mbakar anoman. Wektu iku pumbakarno,saudarane raahwana nglindungi anoman seng ameh di bakar rahwana. Nanging niyate iku ora berhasil amarga dialangi karo kumbakarna.
            Nalika pasukane rahwana mbakar anoman,jebule anoman ora mempan dibakar kanggo geni. Malah justru anoman ngrebut obor geni seko tangane rahwana kanggo buntute lan geni kuwi digo dolanan anoman sakdurunge mbakar kerajaan ngalengka. Pasukan rama mbendung kali seng cedak kerajaan ngalengka,saengga pasukane rahwana ora bisa opo opo
            Perang antara rahwana lan rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah rama nalika ngewangi rahwana ngalahke rama. Indrajid melu ngewangi rahwana iku mati sisan. Akhire kedadean perang sengit antara rahwana laan rama. Rahwana mati dipanah karo rama lan deknen dicepit ing gunung.
            Sakwese menang ngalahke rahwana,rama ketemu meneh kaliyan shinta. Nnaging rama curiga karo kesuciane shinta,sakwese diculik karo rahwana nganti suwi. Akhire shinta mbakar awake dewe kanggo mbuthiake kesuciane. Nlaika shinta mbakar awake dewe ternyata geni ora mempan mbakar awake shinta iki mbuthiake yen shinta iseh suci. Lan rama nrima shinta meneh. Rama lan shinta akhire urip tentrem.

26 komentar:

  1. itu termasuk cerita ramayana yg judulnya apa? please.. respond ya :)

    BalasHapus
  2. sesuai cerita asli nya cuma ini pake versi dari sendratari di candi prambanan

    BalasHapus
  3. pak ini judulnya gk jelas yang sebenernya ap sihhh

    BalasHapus
  4. oke siip yang kurang jelas bisa ke tweet atau lainnya hehe

    BalasHapus
  5. Ngapunten, badhe nyuwun priksa, cariyos menika sumberipun saking pundi, nggih?? saking buku utawi serat menapa??

    BalasHapus
  6. saking cerita ramayana candi prambanan terus saya ketik sendiri

    BalasHapus
  7. Thanks om, buat informasinya..

    BalasHapus
  8. Matur nuwun sangking caritane bang.. :)

    BalasHapus
  9. Matur Nuwun Kang, Niki Kangge Tugas Sekolah

    BalasHapus
  10. kasih unsur intrinsiknya sama ekstrinsiknya dong!

    BalasHapus
  11. oke makasih ya semuanya kritik dan sarannya

    BalasHapus
  12. @amin rohim jangan sembarangan kalo bicara ini ori bikinan saya

    BalasHapus
  13. sangat bermanfaat. kunjungi juga blog saya miftahulnur12.blogspot.com

    BalasHapus
  14. Jelek....bahasa yang digunakan masih buruk sekali.

    BalasHapus
    Balasan
    1. anda yg masih kurang paham dan masih belajar lagi

      Hapus